RINGKESAN CARIOS SUMILAKING PEDHUT KARANGKUANG

11 Oktober 2019 09:50:51 WIB

SIDASAMEKTA KEPEK - Padukuhan Sumberulyo ingkang sekawit Padukuhan Karangkuang, warga masyarakatipun nggadahi pangertosan babagan agami ingkang sanget kirang. Kepara katah warga masyarakat ingkang nindakaken bab-bab ingkang nerak paugeraning negari lan agami. Kawontenan ingkang mekaten ndadosaken sakperangan warga masyarakat cupet ing pemanggih, ngantos wonten ingkang nglalu kanti cara nggantung. Kejawi meniko program-program pembangunan wonten ing Padukuhan Karangkuang katah ingkang mboten ksleksanan.

Sakwetawis tokoh masyarakat ingkang pun pandegan dening Bapak Pawirodiharjo lan Bapak Ngadino sami ngawontenaken pirembagan.Wonten pirembagan menika dipun pitados asma kinaryo japa, name Karangkuang meniko tegesipun kirang sae. Pramila wonten pemanggih nggantos nami Karangkuang dados Pancursari, Sumberrejo, utawi Sumbermulyo.

Wusana dipun sarujuki bilih Karangkuang pun gansot Sumbermulyo, dipun tengeri kanti upacara ruwatan ringgit setunggal dalu nalikaing tanggal 14  Juni 1977 mapan wonten dalemipun Bpak Cipto Widarso. Sakparipurnaning upacara ruwatan gantos nami Karangkuang dados Sumbermulyo, katah ewah-ewahan. Warga masyarakat sami sengkut gumregut gotong royong mbangun Padukuhan Sumbermulyo. Pengrajin tahu sansaya ngrembaka, ternak sapi sansaya ngedap-edapi. Tundanipun Sumbermulyo dados papan ingkang gemah ripah loh jinawi.

Produksi: Desa Budaya Kepek, Wonosari
Penulis naskah: Tri Atmaji
Sutradara dan koreografi : Mujito, S.Pd
Penata iringan: Sugeng Raharja, SE
Pelatih iringan: Agus Sunarto, Ssn

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemahan

Polling Web Kepek

Bagaimana menurut anda informasi dari website Kepek?
Sangat memuaskan, Lanjutkan
Memuaskan Saja
Memuaskan, Tingkatkan
Tidak Memuaskan
Create free online surveys

wa