WISATA SITUS SEJARAH PETILASAN KIAI LEGI LEDOKSARI (BAHASA JAWI)
immawan 21 Oktober 2019 06:43:44 WIB
SIDASAMEKTA KEPEK - Ing Desa Kepek wonten setunggal situs sejarah ingkang dumugi sakmenika taksih pun lestantunaken injih puniko Petilasan Kiyai Legi ingkang mapan wonten ing Padukuhan Ledoksari. Wekdal-wekdal tartamtu wonten poro peziarah engkang nggadahi hajat sami tirakat wonten papan meniko, keporo tiyang engkang rumaos kabul hajadipun sami gotong royong kalian wargo mbangun papan petilasan Kiyai Legi.
Manut cerita ingkang kita tampi saking para sesepuh ing Desa Kepek, mboten wonten ingkang mangertosi sinten sejatosipun Kiyai Legi menika. Ananging dipun pitados Kiyai Legi menika salah satunggaling abdi dalem Karaton Ngayogyokarto Hadiningrat ingkang wekdal semanten ngayahi jejibahan wonten ing tlatah Gunungkidul. Wonten ing tengahing margi ing tlatah kang aran Thok Ding, ( sakmenika Padukuhan Ledoksari ) abdi dalem menika dipun begal dening poro brandal ngantos dumugining pejah. Jasadipun di rukti lan dipun sarekaken dening wargo masyarakat sak kiwo tengening papan menika. Lan kagem pengeling eling kedadosan meniko sakrehning dintenipun pasaran Legi, pramila dipun paringi tenger Kiyai Legi.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Sosialisasi Program Jogja Hijau di Kalurahan Kepek
- Sosialisasi Pengisian Dukuh Tegalmulyo Kalurahan Kepek
- Peraturan Kalurahan Kepek Nomor 5 Tahun 2022 tentang APB Kalurahan Tahun 2023
- Peresmian Kios dan Gazebo UMKM Desa Preneur kalurahan Kepek
- https://youtu.be/X7aLkavpB1U
- KALURAHAN KEPEK MENUJU DESA WISATA
- APRESIASI LOMBA-LOMBA DALAM RANGKA KEGIATAN DESA PRENEUR KALURAHAN KEPEK