WIT KEPEK DADOS ALESAN ADEGING DESA KEPEK
immawan 21 Oktober 2019 06:51:27 WIB
SIDASAMEKTA KEPEK - Adeging Desa Kepek estunipun katah pemanggih ingkang sedaya gadah landesan piyambak piyambak. Salah setunggalipun nyariosaken wonten ing jaman rumiyin, salah setunggalipun wali injih menika Kanjeng Sunan Kalijaga, bade nglajengaken lampah wonten ing papan ingkang kagem nglempak para sodagar / bakul wonten ing tlatah Jawi sisih tengah kanti tujuan bade nyebaraken ajaran Agami Islam. Wonten saktengahing margi panjenenganipun Kanjeng Sunan Kalijaga rumaos sayah lan leren wonten ing papan kang katah wit witan. Eloking kawontenan wit-witan kala wau sedayanipun nembe ketingal enom-enom utawi tasih kepek. Sarehning wit-witan kala wau dereng pun mangertosi naminipun, panjenenganipun mastani bilih menika Wit Kepek
Kangge mengeti kedadosan kasebat, panjenenganipun paring dawuh dumateng putra muridipun supados babat alas wonten ing papan kasebat lan dipun paringi tetenger Kepek. Ewa semanten, wekdal sakmenika Wit Kepek sampun awis kita panggihi, kepara wonten ing Desa Kepek kantun wonten setunggal wit, jalaran Desa Kepek engkang rumiyen alas wegdal sakmenika samun dados kota.
Wit Kepek saget pun wastani jenis taneman keras. Jalaran wit ipun saget ageng lan saget gesang kanti wekdal ingkang dangu. Witipun nlutuh lan sakperangan saget tuwuh sulur / oyot saking pang-pangipun. Wohipun bunder-bunder alit ingkang mapanipun nemplek wonten ing pang-pangipun. Godongipun kasap radi panjang kirang langkung 12 cm. Nalika jaman rumiyin godongipun ingkang taksih enem / pupus ingkang warninipun taksih abrit dipun ginaaken kangge bahan pangan / sayuran warga masyarakat. Godongipun ingkang sampun tuwa sae sanget kangge pakan kewan ingon-ingon kadosta menda lan lembu.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Sosialisasi Program Jogja Hijau di Kalurahan Kepek
- Sosialisasi Pengisian Dukuh Tegalmulyo Kalurahan Kepek
- Peraturan Kalurahan Kepek Nomor 5 Tahun 2022 tentang APB Kalurahan Tahun 2023
- Peresmian Kios dan Gazebo UMKM Desa Preneur kalurahan Kepek
- https://youtu.be/X7aLkavpB1U
- KALURAHAN KEPEK MENUJU DESA WISATA
- APRESIASI LOMBA-LOMBA DALAM RANGKA KEGIATAN DESA PRENEUR KALURAHAN KEPEK