NAPAK TILAS PADUKUHAN ING DESA KEPEK

21 Oktober 2019 07:52:54 WIB

SIDASAMEKTA KEPEK - Secara tata administrasi peprentahan, wekdal menika Desa Kepek wonten 10 Padukuhan. Ewa semanten mula bukanipun Desa  Kepek menika namung wonten 7 Padukuhan, injih punika

  1. Padukuhan Gupakan
  2. Padukuhan Karangkuang
  3. Padukuhan Cangkring
  4. Padukuhan Ngalasombo
  5. Padukuhan Kranon
  6. Padukuhan Kepek Lor Ndalan
  7. Padukuhan Kepek Kidul Ndalan

Sakwetawis lampahing peprentahan ing Desa Kepek wonten ewah ewahan cacah soho naminipun padukuhan,  jalaran wonten bab bab  ingkang menawi dipun nalar mboten kepanggih, ewa semanten saestu kedadosan menika kalampah. Ing Karangkuang wonten Resan ingkang ngandapipun wonten tuk / sumber toyo inkang mboten nate asat saben tahunipun, ing Ngalasombo  wonten Krapyak / Resan lan ing Kepek wonten wit Ringin kalian Low ingkang jejer, dipun pitados papan kagem mukswa Kyai Kabuk.

Gantosing nami padukuhan ugi wonten sambung rapetipun kalian bab menika.

  1. Padukuhan Gupakan dados Trimulyo

Wekdal semanten Padukuhan Gupakan  kalebet papan ingkang sakalangkung angker utawi gawat. Jalaran ing Padukuhan Gupakan menika wonten Gupak Warak, Sumur Kawak lan ugi Pasar Kawak ingkang rumiyinipun wastani Becekan minangka cikal bakalipun pasar Seneng lan sakmenika dados Pasar Argosari Wonosari. Sarehning papan menika angker, mboten saben tiyang kiat manggen wonten ing Gupakan. Nalikaning peprentahan Ki Lurah Mangun Winoto, Padukuhan Gupakan dipun gantos nami dados Trimulyo, lan karana wilayahipun wiyar mila dipun bagi, ingkang ler margi Trimulyo I lan ingkang kidul margi Trimulyo II.

  1. Padukuhan Cangkring dados Bansari

Dipun wastani Padukuhan Cangkring karana wekdal semanten kathah wit Cangkring ingkang gesang subur wonten ing papan menika. Wit Cangkring nggadahi khasiat saget kagem jampi lan ngusadani tiyang ingkang gerah cangkrang.

Wit Cangkring saget ageng lan godongipun ngrembuyuk, jumbuh kalian kekudanganipun para pinisepuh supados saget ngayomi sedaya warga padukuhan. Ewa semanten wit cangring menika kathah erinipun ingkng landep ingkang sakwanci wanci saget natoni warga ing sakcelakipun, pramila  para pinisepuh ugi kuwatos menawi Padukuhan Cangkring sakmangke kathah bebaya lan pacoban.  Mila lajeng nami Padukuhan Cangkring pun gantos Padukuhan Bansari.

  1. Padukuhan Kepek

Babagan nami Padukuhan Kepek mboten pun gantos, nanging wonten ing tahun 1967 Dusun kepek ingkang kidul margi menika dados Padukuhan Kepek I, ingkang Dusun Kepek ler margi dados Padukuhan Kepek II. Ing saklajengipun Padukuhan Kepek II pun pecah dados Padukuhan Kepek II lan Padukuhan Jeruk. 

  1. Padukuhan Karangkuang dados Sumbermulyo.

Lampahing peprentahan wonten ing Padukuhan Karangkuang kirang ngremenaken. Sakwetawis kathah musibah, wargo masyarakat sami  pasulayan.  Kepara wonten 4 warga ingakang pejah karana nggantung. Saking pirembakan para tokoh masyarakat wekdal semanten, sarujuk Padukuhan Karangkuang bade pun ruwat kalian pun gantos nami.  Sakwetawis usulan nami ingkang wonten ; Sumberrejo, Sumbermulyo lan Pancursari. Sedaya pemanggih babagan nami meniko punjeripun wonten ing  Belik utawi Sumber toyo Pancuran, ingkang kathah dipun manfaataken dening warga masyarakat.

Saking pirembakan tokoh masyarakat kasebat, dipun sarujuki nami ingkang pun pilih Sumbermulyo, lan dipun tetepaken nalika tanggal 14 Juni 1977, kanti ruwwatan dening Ki Dalang Cermodisono, pun lajengaken ndalunipun ringgit purwa sedalu natas dening dalang Ki Hadi Sugito mapan wonten ndalemipun Bapak Ciptowidarso.

  1. Padukuhan Ngalasombo dados Tegalmulyo

Sakwetawis wonten pemanggih ingkang ngendikaaken bilih tlatah kepek ingkang paling sepuh menika Ngalasombo. Kepara tata peprentahan sakderengipun  Kalurahan / Desa Kepek menika mapan wonten ing  Ngalasombo. Dene jaman soyo majeng penduduk ugi soyo regeng milo kanthi nderek ewah-ewahan ribahing nami padukuhan Ngalasombo dados Padukuhan Tegalmulyo rikolo tahun 1995, saksampunipun para pinisepuh sami pirembakan, ing pangangkah Ngalasombo ingkang sakwetawis kathah tegalan sageto dados papan dunung ingkang mulya.

  1. Padukuhan Kranon

Babagan nami padukuhan Kranon mboten wonten ewah ewahan, namung kemawon Kranon ingkang ngiring kilen menika pecah dados Padukuhan Ledoksari.

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemahan

Polling Web Kepek

Bagaimana menurut anda informasi dari website Kepek?
Sangat memuaskan, Lanjutkan
Memuaskan Saja
Memuaskan, Tingkatkan
Tidak Memuaskan
Create free online surveys

wa