NAPAK TILAS LURAH KEPEK (Part 01)

21 Oktober 2019 11:12:32 WIB

SIDASAMEKTA KEPEK - Wiwit adeging Desa Kepek 7 Agustus 1909 ngantos dumugi sakmeniko, sampun wonten 9 Lurah ingkang mimpin peprentahan Desa Kepek. Secara garis agengipun, Lurah Kepek menika kagolongaken  dados 3 golongan, injih menika :  Lurah ingkang dipun  angkat saking Kraton Ngayogyakarto Hadiningrat, Lurah ingkang dipun pilih lewat perwakilan partai politik ( Kerteker, lan ugi Dewan  Perwakilan Rakyat Kelurahan Gotong Royong  / DPRKGR ) lan lurah ingkang dipun pilih secara langsung dening warga masyarakat. 

Wondene urutanipun, Lurah ingkang dipun angkat saking Kraton Ngayogyokarto Hadiningrat :

1. Driyo Sentono (1909  -  mboten cetho)
Driyo Sentono kaleres putranipun Ki Sonto Diryo (Demang Karangasem Bedoyo), wayahipun R. Demang Mangun Wedono saking Nglipar, katetepaken dados Lurah Kepek ingkang Kapisan wiwit adeging Desa Kepek 7 Agustus 1909. Nalikaning ngasto Lurah wonten ing Desa Kepek, Ki Lurah R.Driyo Sentono kabiantu dening :

  • Kamituo Ngalasombo
  • Kamituo Karangkuang
  • Kamituo Kepek
  • Kamituo Gupaan
  • Kamituo Cangkring
  • Jogo Boyo

Purnanipun peprentahan Ki Lurah R. Driyo Sentono dereng wonten katerangan ingkang gumathok.

2. Kromowidjojo (mboten cetho – 1918)          

Mboten wonten katerangan ingkang gumathok babagan peprentahan Ki Lurah Kromowidjojo.

3. Suro Setomo (1918 - 1941)

Suro Setomo katetepaken dados lurah wonten ing Desa Kepek tanggal 6 Jauari 1918, kanti dasar Serat Kekancinganipun Kanjeng Pangeran Ario Adipati Danoeredjo No. 262  /  1 Tahun 1918 (serat kekancingan kaceto ing halaman lampiran)

Miturut pangandikan Bapak R. Sukisno, (Jumat, 16 Pebruari 2018), kaleres wayahipun Ki Lurah Suro Setomo  nyariosaken bilih wekdal wedal tartamtu Ki Lurah Suro Setomo tindak pisowanan wonten karaton Ngayogyokarto Hadiningrat. “simbah rumiyin meniko nak, saben  saben taksih asring pisowanan wonten karaton Ngayogyokarto Hadiningrat, kalebet simbah R. Driyo Sentono lan Simbah Kromowidjojo“ Nalika wekdal semanten lampahing peprentahan ing Desa Kepek  saking dalemipun Ki Lurah Suro Setomo ing Gupakan, jalaran dereng wonten Balai Desa.

Lurah Ingkang dipun pilih perwakilan partai politik :

4. Sastro Hartoyo (1941-1953)

Sastro Hartoyo Lurah Desa Kepek nalikaning jaman perang Kemerdekaan ngantos  sakbibaripun Kemerdekaan. Wekdal semanten panjeneganipun  saget pun wastani gesang secara gerilya, jalaran  kathah para Lurah ingkang dipun padosi tentara Jepang.

Kepara anggenipun ndelik ngantos dumugi ing tlatah Semanu. Salah setunggaling catetan sejarah miturut Bapak Mugi     (Rabu, 14  Maret 2018), bilih  dalemipun Bapak Sastro Hartoyo ingkang mapan wonten ing Jeruk  sak kilen Rumah Sakit Umum Wonosari, dipun ginaaken kagem Siaran Radio Komunikasi  RRI.  Ewa semanten mboten dangu, jalaran konangan tentara Jepang,  lajeng  Siaran Radio Komunikasi dipun pindah dateng Playen,  ingkang sakmeniko pun paringi tetenger  minangka Monumen Radio Playen. Sakwetawis gesang pindah pindah papan, saklajengipun  Bapak Sastro Hartoyo pilih  ngunduraken diri saking jabatan Lurah Desa Kepek.

5. Mangun Winata (1953-1967)

Mangun Winata secara garis keturunan  Ki Lurah Suro Setomo putra ingkang nomer 2 lan wayahipun ki Lurah Driyo Sentono. Panjenenganipun  ngasto peprentahan wonten Kepek nalika kawontenan paling rekaos. Tahun 1963 ingkang pun wastani Jaman Gaber Desa Kepek dipun ginaaken kagem papan ngungsi warga masyarakat saking saindenging tlatah Gunungkidul.  Sedayanipun dipun papanaken wonten sakngajenging dalemipun Ki Lurah Mangun Winata mengilen ngantos dumugi sakmenika SD Wonosari Baru.  Anggenipun ngurusi para pengungsi dipun biantu dening putra-putranipun lan warga masyarakat ingkang celak.. “kula rumiyin diparingi tugas saking bapak ndamelke susu lan ngedumke dateng para pengungsi saben enjang ”  pangandikane Bapak Suharyanto, putra nomer 5 Ki Lurah Mangun Winata ( Minggu, 4 Maret 2018 ) Karana kawontenan ingkang sanget-sanget rekaos, kathah saking para pengungsi menika ingkang seda. Saben dintenipun  mesti wonten ingkang seda. Kepara  nate  setunggal dinten menika ngantos 10 langkung ingkang seda. Sedayanipun dipun sarekaken wonten ing Pasarean Gupakan ingkang ngiring kilen (sakmenika Pasarean Trimulyo I).

Saksampunipun Gerakan G 30 S-PKI 1965 wargo masyarakat pecah dados  2 kelompok, ingkang sarujuk lan ingkang mboten. Kelompok ingkang sarujuk kalian PKI  ngalang-alangi lampahing peprentahan Ki Lurah Mangun Winata. Malah nate ngawontenaken  kegiatan ulang tahun  ingkang dipun papanaken wonten sakcelaking dalemipun Ki Lurah. Lampahing peprentahan saking Ndalemipun ing Trimulyo I,  keporo wekdal sakmeniko dalemipun asli Lurah Mangun Winoto taksih wonten ing Jl.Veteran Trimulyo I

6. Hadi Sudarmo (1967-1980)

S. Hadi Sudarmo kaleres sederek ipe kalian Ki Lurah Mangun Winoto. Panjenenganipun nggadahi gagasan mbangun  Balai Desa kagem pusat Peprentahan wonten Ing Desa Kepek. Pramila saksampunipun pirembakan kalian sedoyo perangkatipun lan tokoh masyarakat. Tahun 1973 pembangunan Balai Desa Kepek kawiwitan. Elokipun wekdal semanten, Panjenenganipun KRT. Djojodiningrat, BA minonggko Bupati Gunungkidul ingkang kaping -19, kerso nyelirani rawuh wonten ing malem tirakatan  adegipun Balai Desa Kepek. “Wektu semono Pak Bupati Djojodiningrat kerso rawuh pas malem tirakatan, keporo panjenengane  ndedongo sedeku karo nyembah suwe banget ono cagak sisih lor kulon“. pangandikane  Bapak  Suwarno (Rabu, 14 Pebruari 2018) Kaum  nalika jaman peprentahan Bapak S. Hadi Sudarmo minongko Lurah Kepek Wujude bangunan Pendopo kanggo kumpulan kang sisih ngarep ono macan angop, sak kiwane Pendopo digawe Kampung mujur mangidul kang digunaake kanggo kantor.

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemahan

Polling Web Kepek

Bagaimana menurut anda informasi dari website Kepek?
Sangat memuaskan, Lanjutkan
Memuaskan Saja
Memuaskan, Tingkatkan
Tidak Memuaskan
Create free online surveys

wa