NAPAK TILAS LURAH KEPEK (PART 02)
21 Oktober 2019 11:18:48 WIB
- Harjo Suwito (1980 - 1988 )
Bapak Harjo Suwito jumeneng minangka PJ Lurah Kepek nggantos Bapak S. Hadi Sudarmo. Sinaoso anggenipun ngasta PJ Lurah Kepek watawis 8 tahun, nanging kathah prestasi ingkang saget dipun rengkuh. Panjenenganipun nglajengaken lan nyampurnaaken pembangunan Balai Desa Kepek, kalebet ngewahi ngajengan ingkang waunipun macan angop pun gantos pendhapa alit, lan mbangun pager ngajengan. Kejawi menika wonten ing Lomba Desa Tahun 1982, Desa Kepek saget pikantuk juara I wonten ing kabupaten, Juara I Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta lan Juara I Nasional. Panjenenganipun Dipun timbali Presiden Republik Indonesia Bapak, HM. Soeharto wonten ing Istana Kepresidenan Jakarta saperlu nampi bebungah.
- H. Prajoga (1988 - 2007)
Bapak H. Prajoga mujudaken Lurah Desa Kepek ingkang sepindah, ingkang dipun pilih secara langsung warga masyarakat. Tata cara pemilihanipun taksih ngginaaken tanda gambar hasil bumi. Panjenenganipun dipun lantik nalika tanggal 1 September 1988, lan nyepeng panguwaos minangka Lurah Desa Kepek ngantos 2 periode. Sakdangunipun nyepeng panguwaos ing Desa Kepek, kathah prestasi ingkang dipun rengkuh, ing antawisipun minangka Lurah Teladan Tingkat Nasional lan minangka Ketua Paguyuban “ SEMAR “ Gunungkidul inggeh puniko paguyuban Lurah se Kabupaten Gunungkidul. Kejawi menika Bapak H. Prajoga ugi mbangun Bale Desa Kepek ingkang sakwetawis dados Bale Desa paling megah nalika Tahun 2004. Wondene wujudipun bangunan arupi Pendopo ingkang ukuranipun 12 X 16 M. Sakwingkingipun dipun bangun limasan kanti ukuran 16 X 24 M. Ngiring kiwo saking Pendopo dipun bangun limasan kanti ukuran 6 X 30 ingkang dipun ginaaken kagem kantor pemerintahh Desa Kepek.
- Bambang Setiawan Budi Santosa (2007-2019)
Jumbuh kalian sampun dipun sahaken Undang Undang Nomor 06 Tahun 2014, sebutan Lurah dipun ewahi dados Kepala Desa. Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso mujudaken Lurah utawi Kepala Desa Kepek ingkang nomor 9. Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso dipun lantik minangka Kepala Desa Kepek, saksampunipun unggul wonten ing pemilihan kepala desa secara langsung. Pemilihan mboten ngginaaken tanda gambar hasil bumi malih, nanging kanti ngginaaken gamabar utawi foto saking calon kasebat. Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso dipun lantik Kepala Desa Kepek tanggal 27 Nopember 2007 ngantos dumugi tahun 2018, Bapak Bambang Setiyawan Budi Satoso sampun 2 periode minangka Kepala Desa Kepek. Kepara periode ingkang kaping kalih menika mboten nggadahi mengsah wonten ing pemilihan, utawi mengsah kotak kosong.
Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso nglajengaken program ingkang sampun lumampah, kalebet nyampurnaaken pembangunan Balai Desa Kepek, kanti mbangun gedung kantor ing ngiring tengen Pendopo Balai Desa. Wonten ing tahun 2014 pikantuk bantuan Pembangunan Balai Budaya saking Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Wonten ing babagan pemberdayaan lan ekonomi masyarakat, Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso mandegani adeging kelompok Batik Cangkring minongko cikal bakaling kelompok kelompok Batik ing tlatah Desa Kepek, kepara netepaken Batik Manding minangka ikon Batik Desa Kepek. Kejawi menika ugi ngesuhi soho netepaken Padukuhan Sumbermulyo mingko Kampung Tahu, jalaran wonten ing Padukuhan Sumbermulyo wonten sentra pengrajin tahu ingkang cacahipun wonten 18 pengrajin tahu. Kepara 70 % kebutuhan tahu wonten ing Gunungkidul menika dipun pasok saking Tahu Sumbermulyo. Kejawi tahu sumbermulyo ugi dipun kembangaken babagan ketrampilan damel Bakpia, kanti ngawontenaken pelatihan pelatihan wonten ing saben-saben Padukuhan.
Sesambetan kalian asrining bumi Kepek, Bapak Bambang Setiyawan Budi Satoso ngadani wontenipun Pengolahan Sampah 3 R (Reduce Reuse Recycle)[1] kanti bentuk KSM Amrih Lestari 1, lan Kelompok Amrih Lestari 2 ingkang sakperangan saget ngrampitaken babagan sampah, ingkang sakwetawis dados masalah sakmenika ndadosaken berkah. Kepara KSM Amrih Lestari 1 asring kagem jujugan pasinaon babagan sampah saking saindenging tlatah Indonesia. Wonten ing babagan seni lan Kabudayan, wontenipun group paduan suara “ Gita Loka Nada “ Ibu Ibu PKK Desa Kepek, ingkang sakwetawis wonten ing lomba tingkat Kabupaten Gunungkidul pikantuk Juara I, lan wonten ing tingkat Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta pikantuk Juara II. Wonten ing Paguyuban Kepala Desa se Gunungkidul ugi pinitados minangka Ketua Paguyuban “ SEMAR “ Gunungkidul ngantos 2 periode.
Prestasi Desa Kepek sanesipun :
- Tahun 2009 Desa Kepek pikantuk Juara III wonten ing Perlombaan Desa Tingkat Nasional,
- Tahun 2014 pikantuk Juara I Festifal Kethoprak Tingkat Propinsi DIY, ingkang dipun adani Dinas Kebudayaan DIY.
- Tahun 2015 pikantuk Juara I Lomba Kampung Hijau Tingkat Propinsi DIY, ingkang dipun adani Dinas Lingkungan Hidup DIY.
- KSM Amrih Lestari1 pikantuk penghargaan Gold Standard Issuance Certificate saking Genewa Switzerland
- Tahun 2017 Desa Kepek pikantuk Juara I lomba Desa Binaan Keluarga Sakinah ( DBKS ) tingkat Propinsi DIY
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
- Muskalsus LPJ Bumkal Mandiri Kepek
- PERKAL NO.12 TAHUN 2025 TENTANG APBKAL 2026
- PERKAL PERTANGGUNGJAWABAN APBKAL 2025
- Tim Monitoring Kalurahan Budaya serahkan Pendamping Kalurahan Budaya Kepek
- Pembukaan Layanan Posbindu Padukuan Jeruk Kalurahan Kepek
- Malam Tirakatan Hari Jadi ke-195
- Pemerintah Kalurahan Kepek adakan Penyusunan RKP 2026 dalam Musrenbang Kal tahun 2025
Komentar Terkini
-
Irma Handayani
Tim Website Desa Kepek memang jos gandoss. Salut s...baca selengkapnya
23 Oktober 2019 17:21:25 WIB -
Nia
Luar biasa bangunan Gedung Balai Desa Kepek Wonosa...baca selengkapnya
23 Oktober 2019 17:19:12 WIB -
Sutrisna
Info sangat bermanfaat dan luar biasa...baca selengkapnya
23 Oktober 2019 17:13:02 WIB -
Tim Sidasamekta
Terimakasih atas komen dan kritikannya. Mari ikut ...baca selengkapnya
04 Oktober 2019 19:25:30 WIB -
bunga
berita mbulet ...baca selengkapnya
04 Oktober 2019 16:22:44 WIB -
ardi pujangga
itu sangat bagus untuk dijadikan agenda tahunan ...baca selengkapnya
21 Mei 2017 02:13:48 WIB -
sulasto
terima kasih infonya, tentunya sangat bermanfaat u...baca selengkapnya
07 Februari 2017 15:06:37 WIB -
subdin bina desa jakarta
desa kepek udah bagus ya!teruskan dan kembangkan u...baca selengkapnya
24 November 2016 20:33:01 WIB
Terjemahan
Polling Web Kepek
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Total Visitor | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |














