NAPAK TILAS LURAH KEPEK (PART 02)

21 Oktober 2019 11:18:48 WIB

 

  1. Harjo Suwito (1980 - 1988 )

Bapak Harjo Suwito jumeneng minangka PJ Lurah Kepek nggantos Bapak S. Hadi Sudarmo. Sinaoso  anggenipun ngasta PJ Lurah Kepek watawis 8 tahun,  nanging  kathah prestasi ingkang saget dipun rengkuh.  Panjenenganipun nglajengaken lan nyampurnaaken pembangunan Balai Desa Kepek, kalebet ngewahi ngajengan ingkang waunipun macan angop pun gantos  pendhapa alit, lan mbangun pager ngajengan. Kejawi menika wonten ing Lomba Desa Tahun 1982, Desa Kepek saget pikantuk juara I wonten ing kabupaten, Juara I Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta lan Juara I  Nasional. Panjenenganipun Dipun timbali Presiden Republik Indonesia Bapak, HM. Soeharto wonten ing Istana Kepresidenan Jakarta saperlu nampi bebungah.

  1. H. Prajoga (1988 - 2007)

Bapak H. Prajoga mujudaken Lurah Desa Kepek ingkang sepindah, ingkang dipun pilih secara langsung warga masyarakat.  Tata cara pemilihanipun taksih ngginaaken tanda gambar hasil bumi. Panjenenganipun dipun lantik nalika  tanggal 1 September 1988, lan nyepeng panguwaos minangka Lurah Desa Kepek ngantos 2 periode. Sakdangunipun nyepeng panguwaos ing Desa Kepek, kathah prestasi ingkang dipun rengkuh, ing antawisipun  minangka Lurah Teladan Tingkat Nasional lan minangka Ketua Paguyuban “ SEMAR “ Gunungkidul inggeh puniko paguyuban Lurah se Kabupaten Gunungkidul. Kejawi menika Bapak H. Prajoga ugi mbangun Bale Desa Kepek ingkang sakwetawis dados Bale Desa paling megah nalika Tahun 2004.  Wondene wujudipun bangunan arupi Pendopo ingkang ukuranipun 12 X 16 M. Sakwingkingipun dipun bangun limasan kanti ukuran 16 X 24 M. Ngiring kiwo saking Pendopo dipun bangun limasan kanti ukuran  6 X  30 ingkang dipun ginaaken kagem kantor pemerintahh Desa Kepek.

  1. Bambang Setiawan Budi Santosa (2007-2019)

Jumbuh kalian sampun dipun sahaken Undang Undang Nomor  06 Tahun 2014, sebutan Lurah dipun ewahi dados Kepala Desa. Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso mujudaken Lurah utawi Kepala Desa Kepek ingkang nomor 9. Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso  dipun lantik minangka Kepala Desa Kepek, saksampunipun unggul wonten ing pemilihan kepala desa secara langsung. Pemilihan  mboten ngginaaken tanda gambar hasil bumi malih, nanging kanti ngginaaken gamabar utawi foto saking calon kasebat. Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso dipun lantik Kepala Desa Kepek tanggal 27 Nopember 2007 ngantos dumugi tahun 2018, Bapak Bambang Setiyawan Budi Satoso sampun 2 periode minangka Kepala Desa Kepek. Kepara periode ingkang kaping kalih menika mboten nggadahi mengsah wonten ing pemilihan, utawi mengsah kotak kosong.

Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso  nglajengaken program ingkang sampun lumampah, kalebet nyampurnaaken pembangunan Balai Desa Kepek,  kanti mbangun gedung kantor ing ngiring tengen Pendopo Balai Desa.  Wonten ing tahun 2014 pikantuk bantuan Pembangunan Balai Budaya saking Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Wonten ing babagan pemberdayaan lan ekonomi masyarakat,  Bapak Bambang Setiawan Budi Satoso mandegani adeging kelompok Batik Cangkring minongko cikal bakaling kelompok kelompok Batik ing tlatah Desa Kepek, kepara netepaken Batik Manding minangka ikon Batik Desa Kepek.  Kejawi menika ugi ngesuhi soho netepaken Padukuhan Sumbermulyo mingko Kampung Tahu, jalaran wonten ing Padukuhan Sumbermulyo wonten sentra pengrajin tahu ingkang cacahipun  wonten 18 pengrajin tahu. Kepara 70 % kebutuhan tahu wonten ing Gunungkidul menika dipun pasok saking Tahu Sumbermulyo. Kejawi tahu sumbermulyo ugi dipun  kembangaken babagan ketrampilan damel Bakpia, kanti ngawontenaken pelatihan pelatihan wonten ing saben-saben Padukuhan.

Sesambetan kalian  asrining bumi Kepek, Bapak Bambang Setiyawan Budi Satoso ngadani wontenipun   Pengolahan Sampah 3 R (Reduce Reuse Recycle)[1] kanti  bentuk KSM Amrih Lestari 1, lan Kelompok Amrih Lestari 2 ingkang sakperangan saget ngrampitaken babagan sampah, ingkang sakwetawis dados masalah sakmenika ndadosaken berkah. Kepara KSM  Amrih Lestari 1  asring kagem jujugan  pasinaon babagan sampah saking saindenging tlatah Indonesia. Wonten ing babagan seni lan Kabudayan, wontenipun group paduan suara “ Gita Loka Nada “ Ibu Ibu PKK Desa Kepek, ingkang sakwetawis wonten ing lomba tingkat Kabupaten Gunungkidul pikantuk Juara I, lan wonten ing tingkat Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta pikantuk Juara II. Wonten ing Paguyuban Kepala Desa se Gunungkidul ugi pinitados minangka Ketua Paguyuban “ SEMAR “ Gunungkidul ngantos 2 periode.

Prestasi Desa Kepek sanesipun :

  1. Tahun 2009 Desa Kepek pikantuk Juara III wonten ing Perlombaan Desa Tingkat Nasional,
  2. Tahun 2014 pikantuk Juara I Festifal Kethoprak Tingkat Propinsi DIY, ingkang dipun adani Dinas Kebudayaan DIY.
  3. Tahun 2015 pikantuk Juara I Lomba Kampung Hijau Tingkat Propinsi DIY, ingkang dipun adani Dinas Lingkungan Hidup DIY.
  4. KSM Amrih Lestari1 pikantuk penghargaan Gold Standard Issuance Certificate saking Genewa Switzerland
  5. Tahun 2017 Desa Kepek pikantuk Juara I lomba Desa Binaan Keluarga Sakinah ( DBKS ) tingkat Propinsi DIY

 

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemahan

Polling Web Kepek

Bagaimana menurut anda informasi dari website Kepek?
Sangat memuaskan, Lanjutkan
Memuaskan Saja
Memuaskan, Tingkatkan
Tidak Memuaskan
Create free online surveys

wa