PERAN LURAH KEPEK SASTRO HARTOYO
22 Oktober 2019 13:21:14 WIB
SIDASAMEKTA KEPEK - Lurah Kepek Sastro Hartoyo mimpin Desa Kepek saking tahun 1941 dumugi 1953. Sastro Hartoyo mimpin Desa Kepek nalikaning pas jaman perang Kemerdekaan ngantos sakbibaripun Kemerdekaan. Wekdal semanten panjeneganipun saget pun wastani gesang secara gerilya, jalaran kathah para Lurah ingkang dipun padosi tentara Jepang.
Kepara anggenipun ndelik ngantos dumugi ing tlatah Semanu. Salah setunggaling catetan sejarah miturut Bapak Mugi (Rabu, 14 Maret 2018), bilih dalemipun Bapak Sastro Hartoyo ingkang mapan wonten ing Jeruk sak kilen Rumah Sakit Umum Wonosari, dipun ginaaken kagem Siaran Radio Komunikasi RRI. Ewa semanten mboten dangu, jalaran konangan tentara Jepang, lajeng Siaran Radio Komunikasi dipun pindah dateng Playen, ingkang sakmeniko pun paringi tetenger minangka Monumen Radio Playen. Sakwetawis gesang pindah pindah papan, saklajengipun Bapak Sastro Hartoyo pilih ngunduraken diri saking jabatan Lurah Desa Kepek.
Dokumen Lampiran : PERAN LURAH KEPEK SASTRO HARTOYO
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | |
Kemarin | |
Pengunjung |
- Sosialisasi PSN ke Sekolah
- Kalurahan Kepek ikuti acara Peringatan Hari Jadi Ke 269 DIY Tahun 2024
- Perkal Nomor 5 Tahun 2023 tentang APB Kalurahan TA 2024
- Wakil Bupati Tanam Pohon Filosofi di Kawasan Rest Area Patung Sapi
- Sosialisasi dan Kepyakan Hari Jadi Kalurahan Kepek Kapanewon Wonosari
- Kelas Pengasuhan Untuk Orang Tua Balita
- Kelas Pengasuhan Untuk Orang Tua Balita