KEPEK HAMEMAYU HAYUNING BAWANA (PART 01)

23 Oktober 2019 15:22:18 WIB

“Ojo ketungkul marang kalungguhan kadonyan lan kemareman” (Sunan Kali jaga)

SIDASAMEKTA KEPEKDesa Kepek ingkang sakwetawis nggadahi manekawarna potensi soho SDM ingkang mumpuni, sae menika potensi pendidikan, potensi sosial kemasyarakatan, potensi ekonomi produktif saha potensi budaya sakwetawis ndadosaken Desa Kepek minangka patokan / barometer kagem desa-desa sanesipun, mboten namung wonten ing tlatah Gunungkidul nanging saking saindenging tlatah Nuswantara.

Estunipun awrat tumrap Desa Kepek, jalaran  tantangan saklajengipun langkung ageng. Pengaruh tekhnologi informasi saha kebebasan ngaturaken pemanggih nggadahi pengaruh ingkang ageng tumrap warga masyarakat, langkung-langkung generasi muda. Kemajengan tekhnologi inkang cepet menawi mboten dipun imbangi kalian sumber daya manusia ingkang mumpuni saha pola pikir ingkang sae saget ndadosaken  manungsa lumebet wonten ing jurang kasangsaran. Tekhnologi saget pun umpamekaken gegaman ingkang landhep. Menawi pun ginaaken kanthi sae lan leres saget nuwuhaken manfaat ingkang ageng, ewa semanten menawi cak-cakanipun mboten leres saget ndadosaken bebaya kagem warga masyarakat.

Ewa semanten Pemerintah Desa Kepek ingkang dipun sengkuyung sedaya warga masyarakat sampun manunggal ing tekad nglestantunaken menopo ingkang sampun dipun gadahi Desa Kepek, kepara ningkataken ingkang langkung sae. Kanti hasesanti Hamemayu Hayuning Bawana sedaya warga masyarakat Desa Kepek sumadya ndadosaken Desa Kepek ingkang pinunjul senadyan menika mboten gampil, jalaran pepalangipiun ugi sakklangkung awrat.  

 

[1] Ndadosaken kawontenan ingkang sae menika langkung sae.

Komentar atas KEPEK HAMEMAYU HAYUNING BAWANA (PART 01)

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemahan

Polling Web Kepek

Bagaimana menurut anda informasi dari website Kepek?
Sangat memuaskan, Lanjutkan
Memuaskan Saja
Memuaskan, Tingkatkan
Tidak Memuaskan
Create free online surveys

wa