KEPEK HAMEMAYU HAYUNING BAWANA (PART 04)

23 Oktober 2019 15:37:58 WIB

SIDASAMEKTA KEPEK - Moncering Bangsa menika menawi kita tansah nguri-uri budaya luhur. Tetembungan menika jumbuh kalian kawontenan ing Desa Kepek.  Desa Kepek minangka  Desa Budaya tansah mbudidaya nglestantunaken kabudayan jawi ingkang  wonten, sae menika babagan basa, aksara, adat lan tradisi saha kesenian. Jalaran wonten ing kabudayan jawi menika wonten pitutur-pitutur luhur ingkang saestu sae kagem sangu gesang wonten ing madyaning bebrayan luhur. Sedaya potensi menika mboten saget lumampah piyambak-piyambak, ananging kedah sesarengan, jalaran wonten gandeng cenengipun antwis setunggal lan setunggalipun. Kajawi potensi ingkang sampun siaga, wonten  bab-bab sanes ingkang ndadosaken pepalang  menawi mboten enggal pun  wudari saget   dados bebaya kagem kemajenganipun Desa Kepek.

Sakwetawis bab ingkang dados pepalang tumrap Desa Kepek :

  1. Sakperangan kathah warga Kepek ingkang nembe sinau wonten pawiyatan luhur wonten ing papan sanes, saengga kirang anggenipun paring panyaruwe tumrap kemajengan Desa Kepek. Sakperangan maleh masyarakat ingkang nggadahi potensi kagem kemajengan Desa Kepek, kapekso kedah pindah saking bumi Kepek, jalaran netepi anggenipun pados pangupo jiwo .
  2. Sakperangan taksih wonten warga masyarakat Desa Kepek ingkang kirang nggadahi raos handarbeni bumi Kepek. Menika saget katitik kanti  piyambakipun langkung remen, bombong soho mongkog penggalihipun menawi ngginaaken barang-barang damelan papan sanes, langkung-langkung damelan manca negari, kamongko ingkang damelan asli Kepek  kemawon wonten. Umpaminipun babagan sandang, Kepek menika nggadahi prodak Batik ingkang sae, ewa semanten dereng kathah warga ingkang ngginaaken batik damelan Kepek. Umumipun langkung remen ngagem ageman sanes ingkang kirang pantes  kalian budaya kita.  Wonten ing babagan belanja,  langkung remen menawi blanja wonten ing pasar-pasar moderen, katimbang ing pasar tradisional lan warung-warung ingkang kathah ing tlatah Desa Kepek.
  3. Jumbuh kalian kemajenganing bangsa babagan tekhnologi informasi, sakwetawis budaya luhur kita kasisihaken. Wekdal sakmenika sakperangan warga wonten ingkang langkung remen jenis musik pop, rock, katimbang gending –gending jawi, langkung remen dahar jajanan ingkang instan, katimbang bahan pangan tradisional, langkung remen ngagem ageman  casual katimbang ngagem ageman jawi, langkung  remen sinau kalian internet katimbang  nyuwun prikso dumateng priyagung luhur ingkang ahli wonten bidangipun. Sedayanipun kepingin menapa kemawon  ingkang sarwo sarwi cepet / instan.

Kepara wekdal menika wonten ingkang nggadahi pemanggih, menawi kita nguri uri adat tradisi, umpaminipun rasulan, gumbregan, slametan tiang sedo,  lan snes sanesipun  menika pun anggep nalisir saking paugeraning agami, lan mboten kepareng dipun wontenaken. Kamongko menika adat lan tradisi ingkang sampun turun temurun dipun lampahi para tiang sepuh kita. Lan ugi menawi kita onceki  sedaya adat lan tradisi menika estu ngemu pitutur-pitutur luhur ingkang sae sanget. Sedayanipun mboten uwal saking raos syukur lan panarima dumateng gusti kang maha agung awit saking sedaya peparingipun. Saestu pemanggih ingkang mekaten menika mbebayani tumrap manunggaling warga masyarakat ingkang sakwetawis tansah  gesang ayom ayem. Gesehing pemanggih lan keyakinan menika mboten menapa- menapa,  nanging temtunipun sedaya saget  ngregani lan ngormati  setunggal lan setunggalipun.

Saking sakwetawis pepalang ingkang kita aturaken menika, saestu dados tanggel jawabipun pemerintah desa supados saget  nggathukaken kalian  potensi potensi ingkang sampun wonten.  Mbokbilih  ingkang saget pun lampahi pemerintah desa kalian wargo masyarakat: Sedaya warga masyarakat sae menika pamong desa, tokoh masyarakat, tokoh agama, tokoh pendidikan lan tokoh budaya kedah manunggal ing tekat, golong gilig mbudidaya murih kemajenganing Desa Kepek. Nuwuhaken raos handarbeni,  kanti sarana  ngrumaketaken silaturahmi kangge mujudaken  menapa ingkang dados idam-idamanipun warga masyarakat, injih menika Desa Kepek ingkang pinunjul. Kangge nuwuhaken raos handarbeni dumateng Desa Kepek, pramila  kedah wonten kempalan / paguyuban  kangge wargo masyarakat ingkang mboten lenggah wonten ing bumi Kepek, karana netepi kewajibanipun sae menika ingkang pados ilmu ing  pawiyatan luhur papan sanes, lan ugi warga ingkang pados pangupa jiwa wonten ing papan sanes.

Kanti sarana paguyuban menika, piyambakipun saget paring panyaruhe, paring gagasan-gagasan kangge kemajenganing Desa Kepek. Kemajengan ilmu lan tekhnologi wekdal sakmenika kedah dipun manfaataken sak sae-saenipun. Informasi menapa  kemawon tumrap Desa Kepek kedah dipun biwaraaken dumateng masyarakat. Kanti lantaran  website Desa Kepek http//kepek-wonosari.desa.id  sedaya  warga saget pikantuk informasi kegiatan wonten ing kepek. Nanging temtunipun pemerintah desa, babagan menika operator kedah sumadya  nyawisaken sedaya informasi  paling enggal sambetanipun kalian kegiatan Desa Kepek. Kanti sarana kemajengan tekhnologi informasi ugi kita saget pados gagasan-gagasan sae ingkang saget pun  lampahi wonten ing Desa Kepek. Menapa maleh gagasan gagasan menika saget pun gathukaen kalian potensi ingkang wonten, temtunipun saget nuwuhaken hasil ingkang sae sanget mliginipun tumrap Desa Kepek.

Kabudayan ing Desa Kepek sae ingkang awujud adat tradisi menopo dene kesenian ingkang sampun wonten  kedah dipun uri-uri soho dipun lestantunaken. Pemerintah Desa Kepek sampun tanggap kalian perkawis menika. Adat Rasulan saha Kirab Budaya wonten ing Desa Kepek saestu dados idam idamaning wargo  masyarakat mboten namung ing Kepek, naging wonten ing tlatah Gunungkidul, jalaran  Kirab Budaya Desa Kepek saestu  nggambaraken kabudayan ingkang wonten tlatah Ngayogyokarta Hadiningrat. Pramila mboten mokal menawi Bersih Desa utawi Rasulan lan Kirab budaya Desa Kepek tansah mlebet wonten ing Kalender of event Dinas Kebudayaan Gunungkidul.

Kanti kegiatan Gelar Potensi Budaya, kita saget ngenalaken potensi potensi ingkang wonten ing Desa Kepek, sae menika adat, tradisi, kesenian, kerajinan saha jajanan tradisional. Kanti Festifal Dolanan Anak kita saget  ngenalaken dolanan ingkang kebak pitutur dumateng putra wayah kita, ingkang sakwetawis sampun nggathok dolanan-dolanan  moderen  awit saking kemajenganning tekhnologi.

Komentar atas KEPEK HAMEMAYU HAYUNING BAWANA (PART 04)

Irma Handayani 23 Oktober 2019 17:21:25 WIB
Tim Website Desa Kepek memang jos gandoss. Salut sama Carik Desa Kepeknya dan timnya. Saluuut !!!

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemahan

Polling Web Kepek

Bagaimana menurut anda informasi dari website Kepek?
Sangat memuaskan, Lanjutkan
Memuaskan Saja
Memuaskan, Tingkatkan
Tidak Memuaskan
Create free online surveys

wa