ADEGING DESA KEPEK (PART 01)

04 November 2019 08:29:46 WIB

SIDASAMEKTA KEPEK - Adeging Desa Kepek estunipun katah pemanggih ingkang sedaya gadah landesan piyambak piyambak. Salah setunggalipun nyariosaken wonten ing jaman rumiyin, salah setunggalipun wali injih menika Kanjeng Sunan Kalijaga, bade nglajengaken lampah wonten ing papan ingkang kagem nglempak para sodagar / bakul  wonten ing tlatah Jawi sisih tengah kanti tujuan bade nyebaraken ajaran Agami Islam.

Wonten saktengahing margi panjenenganipun Kanjeng Sunan Kalijaga rumaos sayah lan leren wonten ing papan kang katah wit witan. Eloking kawontenan  wit-witan  kala wau sedayanipun nembe ketingal enom-enom utawi tasih kepek. Sarehning wit-witan kala wau dereng pun mangertosi naminipun, panjenenganipun mastani bilih menika Wit Kepek. Kangge mengeti kedadosan kasebat, panjenenganipun paring dawuh dumateng putra muridipun supados babat alas  wonten ing papan kasebat lan dipun paringi tetenger Kepek.

Ewa semanten, wekdal sakmenika  Wit Kepek sampun  awis kita panggihi, kepara wonten ing Desa Kepek  kantun wonten setunggal wit, jalaran Desa Kepek engkang rumiyen alas wegdal sakmenika samun dados kota.

>>> Lanjut ke Part 02 >>>

 

Pilihan
Adeging Desa Kepek: Part 02 | Part 03 | Part 04

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemahan

Polling Web Kepek

Bagaimana menurut anda informasi dari website Kepek?
Sangat memuaskan, Lanjutkan
Memuaskan Saja
Memuaskan, Tingkatkan
Tidak Memuaskan
Create free online surveys

wa