ADEGING DESA KEPEK (PART 01)
04 November 2019 08:29:46 WIB
SIDASAMEKTA KEPEK - Adeging Desa Kepek estunipun katah pemanggih ingkang sedaya gadah landesan piyambak piyambak. Salah setunggalipun nyariosaken wonten ing jaman rumiyin, salah setunggalipun wali injih menika Kanjeng Sunan Kalijaga, bade nglajengaken lampah wonten ing papan ingkang kagem nglempak para sodagar / bakul wonten ing tlatah Jawi sisih tengah kanti tujuan bade nyebaraken ajaran Agami Islam.
Wonten saktengahing margi panjenenganipun Kanjeng Sunan Kalijaga rumaos sayah lan leren wonten ing papan kang katah wit witan. Eloking kawontenan wit-witan kala wau sedayanipun nembe ketingal enom-enom utawi tasih kepek. Sarehning wit-witan kala wau dereng pun mangertosi naminipun, panjenenganipun mastani bilih menika Wit Kepek. Kangge mengeti kedadosan kasebat, panjenenganipun paring dawuh dumateng putra muridipun supados babat alas wonten ing papan kasebat lan dipun paringi tetenger Kepek.
Ewa semanten, wekdal sakmenika Wit Kepek sampun awis kita panggihi, kepara wonten ing Desa Kepek kantun wonten setunggal wit, jalaran Desa Kepek engkang rumiyen alas wegdal sakmenika samun dados kota.
>>> Lanjut ke Part 02 >>>
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- Malam Tirakatan Hari Jadi ke-195
- Pemerintah Kalurahan Kepek adakan Penyusunan RKP 2026 dalam Musrenbang Kal tahun 2025
- PELATIHAN PENGELOLAAN BADAN USAHA MILIK KALURAHAN 2025
- Kirab Budaya Kalurahan Kepek
- Kalurahan Kepek Peringati Hari Jadi Ke-116
- Kalurahan Kepek Peringati Hari Jadi Ke-116
- Karang Taruna Kepek Raya terima kunjungan Studi Tiru dari Karang Taruna Desa Carangsari Propinsi Bal