ADEGING DESA KEPEK (PART 02)

04 November 2019 08:35:26 WIB

SIDASAMEKTA KEPEK - Wit Kepek saget pun wastani jenis taneman  keras. Jalaran wit ipun saget ageng lan  saget gesang kanti wekdal ingkang dangu.  Witipun nlutuh lan sakperangan saget tuwuh sulur / oyot saking pang-pangipun.  Wohipun bunder-bunder alit ingkang  mapanipun nemplek wonten ing pang-pangipun. Godongipun kasap radi panjang kirang langkung 12 cm.

Nalika jaman rumiyin godongipun ingkang taksih enem / pupus  ingkang warninipun taksih abrit dipun ginaaken kangge bahan pangan / sayuran warga masyarakat. Godongipun ingkang sampun tuwa sae sanget kangge pakan kewan ingon-ingon kadosta menda lan lembu.

Wonten ing carios Babat Alas Wonosari ingkang dipun aturaken Bapak Dasuki Cipto Hadiatmojo wonten ing  Cerita Rakyat Gunungkidul seri-36 Dinten  Kamis Legi malem Jumat Pahing, tanggal 21 Desember 2000, dipun cariosaken nalikaning Babat alas Wonosari tahun 1750 ingkang dipun wiwiti  Kyai Muhamad Hadud utawi ingkang asring dipun aturi Mbah Kadut kaliyan garwanipun Nyai Roro Kuning, kabiyantu dening sederekipun njih meniko Kyai soho Nyai Gadungmlati, Kyai Kidang Kencono, Kyai Jedol Kayu, Kyai Kabuk, Kyai Irondoko, Kyai Setro soho Kyai Codrono.

>>> Lanjut ke Part 03 >>>

Pilihan
Adeging Desa Kepek: Part 01 | Part 03 | Part 04

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemahan

Polling Web Kepek

Bagaimana menurut anda informasi dari website Kepek?
Sangat memuaskan, Lanjutkan
Memuaskan Saja
Memuaskan, Tingkatkan
Tidak Memuaskan
Create free online surveys

wa